Jumat, 02 Maret 2012

pawarta bahasa jawa

 Sugeng siyang pamirsa
Kula badhe ngaturaken pawarta bab “ Tentara Polisi Bentrok, wong 3 tewas “.
Anggota polisi loro saka polres maluku tengah lan tentara siji saka bataliyon infonteri 731/ Kabaressy tiwas nalika dumadi bentrokan antarane kesatuan loro kasebut setu, (2/1). Pradongdi ngemu getih iku kawiwitan saka tekane sakelompok tentara saka yonif 731 menyang mapolres maluku tengah kang mapan ana kutha masohi tanpa ba bi bu para bebetenging negara iku langsung nyerbu markas polisi. Suwaliko, anggota polri seng ana njero markas markas uga emoh kalah. Para bhayangkari negara iku nadahi pangamuke “ mungsuh “ nganggo senjata kan ana. Bedhil – bedilan kang sinarton bledhosaning granat iku nyebabake kahanane kutha dadi kekes.
Sirep sawise pangdam xvi/ Pattimura Mayjen Rasyea Kurnaen Aquary mara menyang lokasi. Rasyid banjur mrentah narik lan nahan para andhahane sing kumawani tumindak ing sanjabaning koordinasi mau. Rasyid mratelakake “ perang “ iku satemene. Keslomot dening perkoro sing sepele, yaiku asmara. Kacarita ana mbayu lan adine  wadon kang pataran karo polisi lan tentara si mbakyu pacaran karo polisi lan tentara si mbakyu pacaran karo bripka
Bripka rumata dene adhine sir siran karo prada eko. Sadulur loro iku regejengan awet si adhi kepengin mlebu kamare mbakyune nangingdi tolak mergo  isihh digunaake si mbakyu karo putrane. Mergo ora entok mlebu kamar prada eko loro ati lan lungo saka ngomah pirang – pirang dina eko ora ana kabare nganti timbul isu yen dheweke diculik polisi. Ya kabar penculikab iku sing njalari kabranange anggota yonif 731.

Makaten atur kula nuwun.


pawarta bahasa jawa

  Sugeng siyang pamirsa,
Kula badhe ngaturaken pawarta bab “ Ruang Tunggu TKI Kanggo Mbrantas Pungli “
Presiden Susilo Bambang Yudhoyono, selasa (29/8) ngermekake ruang tunggu khusus tenaga kerja Indonesia (TKI) ing bandara soekarno- hatta jakarta lan bandara juanda surabaya. Ruang tungggu iku dicepaki AC, televisi, mushola, loket karcis, konsultasi hukum lan bank. Presiden ngajap ruang tunggu khusus iku bisa ngalancarake urusae TKI sing arep budhal menyang luar negri utawa mulih menyang Indonesia. Salah sijine yaiku disewake verifikasi dokumen sing sasuwene iki rumit lan ngrerendheti.
Menteri Tenaga Kerja lan Transmigrasi Erman Suparno mratelakake, ing ruang tunggu kasebut kabeh kaperluane TKI bakal dicukupi, klebu tuku tiket. Yen ana TKI sing mulih menyang asale, bakal diterangke dene petugas kanthi mobil khusus kanggo ngurus thethek mbengek mau TKI ora perlu wira wiri ana njaba nanging cukup ing njero ruang tunggu kono wae.
Miturut Erman, kanthi anane ruang tunggu khusus iku dijaluk ora tinemu, meneh praktek- praktek pungutan liar (pungli) kaya sing sasuwene iki kerep dialami dening TKI sing mentas mulih.
            Nanging Wahyu Susilo, salah sijine anggota lembaga swadaya masyarakat kebijakan migrant Care durung percaya sawutuhe karo janjine Erman, saka pamawase Wahyu dibukae ruang tunggu khusus TKI mau malah bakal ngrembakake pungli. Masalahe, ing bandara Suekarno – Hatta kanggo tumuju ruang tunggu TKI kudu ngliwati ruang tunggu penumpang. Kajaba kuwi anane mobil khusus sing dicepakake kanggo ngeterake TKI uga klebu jinise pungutan anyar.

Makaten atur kula nuwun