Kula badhe ngaturaken pawarta bab “ Ruang Tunggu TKI Kanggo Mbrantas Pungli “
Presiden Susilo Bambang Yudhoyono, selasa (29/8) ngermekake ruang tunggu khusus tenaga kerja Indonesia (TKI) ing bandara soekarno- hatta jakarta lan bandara juanda surabaya. Ruang tungggu iku dicepaki AC, televisi, mushola, loket karcis, konsultasi hukum lan bank. Presiden ngajap ruang tunggu khusus iku bisa ngalancarake urusae TKI sing arep budhal menyang luar negri utawa mulih menyang Indonesia. Salah sijine yaiku disewake verifikasi dokumen sing sasuwene iki rumit lan ngrerendheti.
Menteri Tenaga Kerja lan Transmigrasi Erman Suparno mratelakake, ing ruang tunggu kasebut kabeh kaperluane TKI bakal dicukupi, klebu tuku tiket. Yen ana TKI sing mulih menyang asale, bakal diterangke dene petugas kanthi mobil khusus kanggo ngurus thethek mbengek mau TKI ora perlu wira wiri ana njaba nanging cukup ing njero ruang tunggu kono wae.
Miturut Erman, kanthi anane ruang tunggu khusus iku dijaluk ora tinemu, meneh praktek- praktek pungutan liar (pungli) kaya sing sasuwene iki kerep dialami dening TKI sing mentas mulih.
Nanging Wahyu Susilo, salah sijine anggota lembaga swadaya masyarakat kebijakan migrant Care durung percaya sawutuhe karo janjine Erman, saka pamawase Wahyu dibukae ruang tunggu khusus TKI mau malah bakal ngrembakake pungli. Masalahe, ing bandara Suekarno – Hatta kanggo tumuju ruang tunggu TKI kudu ngliwati ruang tunggu penumpang. Kajaba kuwi anane mobil khusus sing dicepakake kanggo ngeterake TKI uga klebu jinise pungutan anyar.
Makaten atur kula nuwun
Tidak ada komentar:
Posting Komentar