Kula badhe ngaturaken pawarta bab “ Tentara Polisi Bentrok, wong 3 tewas “.
Anggota polisi loro saka polres maluku tengah lan tentara siji saka bataliyon infonteri 731/ Kabaressy tiwas nalika dumadi bentrokan antarane kesatuan loro kasebut setu, (2/1). Pradongdi ngemu getih iku kawiwitan saka tekane sakelompok tentara saka yonif 731 menyang mapolres maluku tengah kang mapan ana kutha masohi tanpa ba bi bu para bebetenging negara iku langsung nyerbu markas polisi. Suwaliko, anggota polri seng ana njero markas markas uga emoh kalah. Para bhayangkari negara iku nadahi pangamuke “ mungsuh “ nganggo senjata kan ana. Bedhil – bedilan kang sinarton bledhosaning granat iku nyebabake kahanane kutha dadi kekes.
Sirep sawise pangdam xvi/ Pattimura Mayjen Rasyea Kurnaen Aquary mara menyang lokasi. Rasyid banjur mrentah narik lan nahan para andhahane sing kumawani tumindak ing sanjabaning koordinasi mau. Rasyid mratelakake “ perang “ iku satemene. Keslomot dening perkoro sing sepele, yaiku asmara. Kacarita ana mbayu lan adine wadon kang pataran karo polisi lan tentara si mbakyu pacaran karo polisi lan tentara si mbakyu pacaran karo bripka
Bripka rumata dene adhine sir siran karo prada eko. Sadulur loro iku regejengan awet si adhi kepengin mlebu kamare mbakyune nangingdi tolak mergo isihh digunaake si mbakyu karo putrane. Mergo ora entok mlebu kamar prada eko loro ati lan lungo saka ngomah pirang – pirang dina eko ora ana kabare nganti timbul isu yen dheweke diculik polisi. Ya kabar penculikab iku sing njalari kabranange anggota yonif 731.
Makaten atur kula nuwun.